Piyik anak dara... dipakani Cilik diupokara... diopèni Irêng karo kuning... kosok bali Barêng gêdhé-gêdhé... lha kok lali Ora usah jaréné ngèlingi mbiyèné Nasib-pé wong jaréné dhéwé-dhéwé Krété anak baya..., kog mêdhèni Jaré ngaku sêtyo... kog mblénjani
Kolak kacang ijo... disantêni Barêng anak bojo... dadhi lali Aja dumèh saiki wis akèh buyuté Banjur ora ngèlingi ndhèk mbiyèné Piyik anak dara... dipakani Cilik diupokara... diopèni Irêng karo kuning... kosok bali Barêng gêdhé-gêdhé... lha kok lali